Sampun wiwit kina-makina ing Pasamuwan suci nggadhahi tradisi nyuc?kaken wekdal ing saben dintenipun, ingkang limrah dipun lampahi mliginipun d?ning para biarawan lan klerus, kangge minulyaakan lan ngluhuraken gesang lan ugi nyuwun rahayuning bawana dhumateng Gusti, inggih menika kanthi nyembahyangaken compl?torium minangka sembahyangan ibadhat panutuping dinten. Nami ?compl?torium? mawujud saking tembung basa Latin compl?o utawi compl?tus ingkang suraosipun: mungkasi, ngebaki, nggenepi, utawi kagawa purna. Sembahyangan ibadhat compl?torium ateges sembahyangan ibadhat ingkang dipunadani ing wanci dalu kangg? mungkasi dinten ingkang kalampah. D?n? sembahyangan ibadhat compl?torium menika, inggih donga pamungkasing dina, ing Liturgi Suci Katolik kalebet p?rangan saking ibadah liturgi Ofisi (Officium Divinum) utawi asring kasebat Doa Br?vir. Buku menika katerjemahaken saking buku ingkang migunakaken basa Indonesia kang asesirah Ibadat Penutup Completorium. Mugi buku sembahyangan menika saged dipun pigunakaken kinarya sarana lampah suci minangka jejering murid Dalem Gusti Yesus. Kados ingkang sampun kaserat ing dokumen Sacrosanctum Concilium, bilih ibadat ofisi suci mboten namung mligi kangg? para imam, frater lan suster, nanging ugi kangg? sedaya umat Katolik.
Unduh untuk perangkat lain:
Jadilah yang pertama memberikan ulasan!
Bukunya bagus banget!
Lorem ipsum dolor, sit amet consectetur adipisicing elit. Aliquam nulla iusto repellat qui, soluta laborum deserunt quis veritatis reprehenderit sint assumenda natus officiis! Nesciunt nisi eius rem dolor placeat consectetur.
Isinya daging semua cuy! Recomended.