Ing Asia kuwi akèh kahanan kang banget ngresepaké, kayata gunung kang pucuké sinasaban salju, kali kang kumrasak iliné, segarané, langité kang sumilak biru, kéwan-kéwané kang nengsemaké lan padha urip ing satengahing alas utawa padha saba ing ara-ara, para raja lan pramèswariné, sarta kawulané kang sarwa prasaja. Iku kabèh yèn dicritakaké mesthi gawé sengsemé kang padha ngrungokaké. Pancèn akèh sing wis padha lali marang asalé dongèng-dongèng mau, racaké dianggep duwèké bangsané dhéwé, jalaran sarining crita bisa rumesep tekan ing telenging ati, kang tumrap manungsa ing ngendi-endi padha waé. Aku pitaya yèn kowé kabèh uga seneng karo dongèng-dongèng iki.