Obah-mosiking pikirané Darba (paragatama, tokoh utama novel iki, sing ana ing awal cerita iki lagi magang dadi priyayi wis éntuk rong taun) anggambaraké obah-mosiking pikirané sapérangan nonoman awal abad ka-20. Darba, anak priyayi jajar, mikir yèn ajèn-inajèn kapriyayèn ing jaman kang arep tumeka mesthi bakal saya surud. Ajiné uwong, miturut pamikiré Darba, ora dumunung ana status kapriyayèn nanging gumantung marang kepinteran, pakaryan lan budi pakertiné. Lan iki mau kabèh disuprih déning Darba—kalawan sregep nyinau apa baé sing migunani kanggo panguripan lan pangupajiwa, tumemen makarya lan tansah becik enggoning sesrawungan karo sapepadha. Miturut pengarangé, Darba bisa dadi gegambarané “uwong” Jawa kang mengkoné dibutuhaké déning jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju. Kirti Njunjung Drajat yasané Jasawidagda (cithakan kaping siji taun 1924) iki uga isa dadi dokumèntasi sejarah lan alam pikiran dalah budaya Jawa mangsa samana.