Novel Gumuk Sandhi pancèn kaserat ing taun 1960-an (kacithak sepisan ing taun 1963), nanging tetep krasa nengsemaké sanajan diwaca saiki lan kapan waé, marga pamilihing masalah, panggarapé paraga, panatané alur, lan panggambarané swasana bisa trep, nengsemaké, déné isiné migunani tumrap kita murih landhepé nalar lan rasa. Para maos prayogané maos novel iki murih bisa ngalami swasana èstétis sacara pribadhi éndahé Gumuk Sandhi iki.