Serat pemut

Pendidikan
Serat pemut

17 MB
ebook
223 Dilihat
ISBN
proses
eISBN
978-623-380-364-9
Wishlist
Bagikan

Sinopsis

sebuah buku referensi yang bertajuk serat Pemut yang berisi tentang tembang Jawa baik dalam tulisan latin maupun Jawa.

Generated by AI ✨

Deskripsi Buku

### Pada saben pupuh bènten-bènten gumantung saking wus kawedharing wosing gagasan. Riptan sastra macapat menapa malih kang tinulis ing aksara Jawi ing jaman samangké langka. Duking nguni riptan makaten kathah tinulis déning para pujangga Jawi ingkang isinipun manéka warni, piwulang, paweling, carios, lelampahan, ramalan, lan sanès-sanèsipun kang tinata ing sastra éndah. Pamilihing ukara kang tinata anut paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan ugi sinawung ing purwakanthi-purwakanthi kanthi ngginaaken basa sinandi adamel riptan makaten nengsemaken. Nanging humiring lampahing wanci lan owah gingsiring kawontenan, gesanging sastra Macapat menapa malih Sekar Tengahan lan Sekar Ageng dangu-dangu saya surut. Ing jaman samangké riptan kados punika rinaos sepi samun. Lahiring Serat Pémut punika minangka budidaya hangiseni langkaning riptan anyar sastra macapat kang tinulis ing rerangkèning pada lan pupuh sanadyan isinipun nyariosaken lelampahan lan gambaran peranganing kahanan kang damel gorèh lan sengsem ing raos. Esthining manah bab punika sageda ngurip-urip sastra macapat lan isinipun kanggé pangemut-emut mring panyerat lan putra wayahipun ing tembé. Lelampahan lan kawontenan kang utama utawi kosok wangsulipun saged kanggé kaca benggala jroning hanapaki garising kodrad gesang ing alam padhang. Karana punika serat punika kapanringan irah-irahan Serat Pémut, layang pangéling-éling utawi pangémut-émut. Sapérangan carios ing salebeng serat sinerat ing basa sanépan winor ing raos seni. Kanthi menika bebasan janma asesirah sardula, mongsa borong dhumateng para pamaos anggènipun badhé hananggapi menapa déné hanyaruwé. Idheping tekad, sanadyan namung klungsu panyerat dhèrèk kang damel gorèh lan sengsem ing raos. Udhu murih sastra macapat lestari lan ngrembaka ngiras pantes asung pémut mring putra wayah. Awit saking winates ing samubarangipun, mboten sedaya kedadosan kang adamel trenyuh, gorèh punapa déné sengseming raos kuwawi kawedhar ing seratan punika. Sanadyan namung saperangan alit, gorèhing raos kang kuwawi kawedhar wus saged damel leganing manah. Ing tembé mbok bilih Gusti paring idi lan kawontenan malilahi, mugi-mugi saged mujudaken seratan-seratan lajengipun. Kuti, punika serat punika kapanringan irah-irahan Serat Pémut, layang pangéling-éling utawi pangémut-émut. Semarang, Oktober 2023. Pungkasaning atur, kori kutha sekul binuntel ron klapa, apuranta lamun wonten lepat kula. Kanthi hasesanti rum kuncaraning bangsa gumantung saking luhuring budaya, mugi-mugi budaya luhur bangsa tansah rineksa déning warga bangsa tumuju Nusantara hanjayèng bawana. Maturnuwun, Rahayu.

Tags:
Keyword:

Untuk membaca, silahkan unduh aplikasi di bawah ini:

Unduh untuk perangkat lain:

playstore windows appstore macos

Ulasan Pembaca

0.0 /5
5
(0)
4
(0)
3
(0)
2
(0)
1
(0)

Ulasan (0)

Urutkan
no-review

Belum Ada Ulasan

Jadilah yang pertama memberikan ulasan!

Tulis Ulasan

Orang Lain Juga Membaca Buku Ini

Buku Lainnya dari Penerbit Cipta Prima nusantara

Selengkapnya

Buku Lainnya dari Kategori Pendidikan

Selengkapnya

Buku Lainnya dari Sub Kategori Pendidikan

Selengkapnya

Buku Terbaru

Buku Terpopuler

Selengkapnya
Serat pemut

Serat pemut

Widodo B.S.

Preview
Hubungi Kami
cara-membaca-buku