Prakara sosial politik kuwi sipate universal, dadi ora mung George Orwell bae lumantar novele Animal Farm (terbit sepisanan 17 Agustus 1945) sing bisa gawe crita satiris simbolis (lumantar jagade sato kewan), ananging ing ngendi papan yen ana kahanan masarakat sing ora becik mesthi ana seniman (pengarang) sing gumregut aweh pepéling supaya kahanan ala bisa kabrastha. Kalebu ing kene Priyana Winduwinata lumantar antologi Dongeng Sato-Kewan ndunungake anane penylewengan sing katindakake manungsa sing jaréné wus padha pinter lan duwe kadrajadan. Sing disebut dongeng ing antologi Dongeng Sato-Kewan kuwi dudu critane bocah-bocah nalikane arep turu, nanging crita cekak sing ngemu panyendhu (kritik) marang kahanan sosial lan politik dhek jaman semana (sakiwa-tengene bubar Indonesia mardhika). Kanthi simbol-simbol maneka sato kewan, Dongeng Sato-Kewan dadi sawijining satire marang panylewènge watak lan tandang-tanduke manungsa.