Rembulan ing tengah wengi Bunder katon endah asri Endahe kaya ali-ali katresnan suci Rembulan siji Nambahi rasa kekesing ati Nandyan kaapit lintang-lintang wengi Gawe pikirku nglambrang ing jaman wingi Nalika aku lan sliramu Bebarengan mlaku lan janji suci Kaya janjine rembulan lan bumi Nadyan adoh tetep setya ngancani Muga-muga janji setyamu dadi kanyatan Ngancani aku tekan akhire jaman