Udan grimis riwis-riwis Hawa krasa atis tekan ing ati Mendhung isih gumantung Ati iki dadi krasa tumlawung Kembang mlathi ing latar Ganda arum sumebar angambar-ambar Kagawa semilire angin wengi Ndayani rasa kangen ing ati Keprungu swara angkup Keprungu swara walang Keprungu swara kenthongan Wengi saya sepi Rasa kangenku ora bisa dak selaki