Sapa wae mesthi kepranan Nyawang endahe rembulan Bisa ndayani ati kasmaran Coba sawangen rembulan kae Katon sumilak endah cahyane Madhangi jagad raya saisine Bebarengan karo mega-mega Katon mlaku kagawa angin wengi Rembulan ing sandhuwuring gunung Saya wengi rembulan katon nengsemake ati Galo kae rembulane katon mesem Ndayani pengin nyawang ora nate bosen