Nalika menungsa minangka titah-sawantah kang tan kongang swala marang garising pepesthen nyoba mblenjani kareping Hyang Kang Murbeng Dumadi mula tundhane yen kecipratan cilike Ian kejugrugan gedhene murkaning Gusti sambat-sebut ora bakal ngrobah samukabehing kedaden. Nanging pancen sipating menungsa kang dhuweni nepsu tan marem karo apa sing tinampa mula tansah ngugung kekarepan ngundha hawa angkara . Mula yen dadine ajur kuwi dadi imbalene. Senajanta ing kanyatan uga akeh kridha nistha ning ora langsung pikoleh balesan ala. Sing baku Gusti ora sare, mesthi bakal ngonceki, endi sing apik Ian endi sing ala. Endi sing benar Ian endi dununging salah. Buku kumpulan cerita cekak sing asesirah Ajur, ngemot wolulas cerita cekak. Akeh kedaden sing bisa ndadekake Ajur-ing menungsa.