SEJARAH AKSARA JAWA

Muatan Lokal
SEJARAH AKSARA JAWA

5 MB
ebook
0 Dilihat
ISBN
978-602-98178-8-1
eISBN
978-623-7296-15-7
Tahun
2017
Wishlist
Bagikan

Sinopsis

Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basabasa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi dening kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wetan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar. Basa Jawa ya dadi salah sijine panyumbang sing gedhe dhewe kanggo panuwuhane basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamarentahan, basa Jawa nduwe pangaruh luwih akeh tinimbang basa-basa daerah liyane kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa. Basa Jawa iku bageyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu- Polinesia sing gilirane anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan. Basa Jawa dipigunakake ing Jawa Tengah, Jawa Wetan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapake dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurunge keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18. Basa Jawa bisa kaanggep salah sijine basa klasik ing donya, basa iki nduwe sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawase luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa merang sajarah basa Jawa ing patang tahap: 1. Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9 2. Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13 3. Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16 4. Basa Jawa Modhern saka abad kaping-20 (pratelan iki ora dienggo sacara umum) Basa Jawa ditulis mawa/migunakake aksara Jawa, (salah sijine keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin. Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi wae, basa Jawa basa Austronesia sing akeh dhewe cacahe panutur ibune. Basa iki dituturake lan dimangerteni kurang luwih dening 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Meh kabeh presidhen Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatine kabeh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yen ibune priyayi Jawa). Dadi ora nggumunake yen basa Jawa menehi pangaribawa akeh ing perkembangane basa Indonesia. Basa Jawa Modhern bisa diperang dadi telung dhialek: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wetan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum (''kasinambungan dhialek'') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wetan. Kabeh dhialek basa Jawa kurang luwih bisa dingerteni para panuture (basa Inggris mutually intelligible).

Tags:
Keyword:

Untuk membaca, silahkan unduh aplikasi di bawah ini:

Unduh untuk perangkat lain:

playstore windows appstore macos

Ulasan Pembaca

0.0 /5
5
(0)
4
(0)
3
(0)
2
(0)
1
(0)

Ulasan (0)

Urutkan
no-review

Belum Ada Ulasan

Jadilah yang pertama memberikan ulasan!

Tulis Ulasan

Orang Lain Juga Membaca Buku Ini

Buku Lainnya dari Penerbit Javalitera (Ar-Ruzz Media Group)

Selengkapnya

Buku Lainnya dari Kategori Muatan Lokal

Selengkapnya

Buku Lainnya dari Sub Kategori Muatan Lokal

Selengkapnya

Buku Terbaru

Buku Terpopuler

Selengkapnya
SEJARAH AKSARA JAWA

SEJARAH AKSARA JAWA

Djati Prihantono

Preview
Hubungi Kami
cara-membaca-buku