Rasa kang tuwuh ing sajeroning manah kang tan kuwawa kinucap. Mbleber mili tumeka pucuking driji, mbabar ukara-ukara cinampur swara andungkap rasa ambabar carita maneka warna. Ana gegayuhan kang ora tekan. Ana ati kang kapranan, ana manah kang nandhang duhkita, uga rasa prihatin marang kahanan lan sakabehe kadadeyan. Kabeh tak aturake ana ing buku geguritan menika. Wilujeng maos buku Gurit Tembang Ati kang bisa nggugah ati.
Unduh untuk perangkat lain: