Buku punika dipunrakit kagem nggampilaken panjenengan ingkang nembe sinau utawi ingkang sampun prigel supados sangsaya lebda ing jagading pamedharsabda. Ing salebeting buku punika ngewrat tuladha sesorah maneka warna kagem kabetahan pasamuan, wiwit saking acara khitanan, sripah, ngantos adicara resmi sanesipun. Sinten ingkang Kedah Kagungan Buku Punika? Buku punika trep sanget kagem para paraga pambiwara, mahasiswa, guru, tokoh masyarakat, utawi sinten mawon ingkang kagungan kekajengan ngleluri kabudayan Jawi lumantar seni micara. โWasis micara menika kunci kagem mbukak korining pakurmatan.โ Sumangga, sampun ngantos mangu-mangu malih. Dadosa pamedharsabda ingkang mumpuni saha nengsemake kanthi ngginakaken tuladha sesorah saking buku punika.
Unduh untuk perangkat lain: