Pramesthi. Salah siji guru ana ing SLTA kang kondhang ayu, grapyak, semanak uga disenengi para siswa. Pramesthi kang duwe ketrampilan ing babagan budaya kaya ta beksa, gurit pranyata klebu sing wicaksana. Mula ora aneh dheweke dadi guru BK (Bimbingan Konseling). Jare sapa, guru BK kuwi galak, Killer? Nyatane Pramesthi ora.