Madusari saka Ponorogo sarta Retna Palupi saka Magelang kuliyah ana Institut Seni ing Sala. Bocah loro kos ana ing kos-kosan Srikandhi Mustakaweni duweke Bu Srikandhi Wulandari. Saliyane kuliyah, bocah loro aran Madu lan Retna kuwi kocapa prigel, cekatan, wasis tur pinter. Nalika dina Jemuwah sore utawa Minggu sore nyambi dodolan sega wader cedhak kampus. Sing nyenengake maneh, ibu kose maringi gendewa marang Retna lan Madu kanggo gladhen jemparingan. Saliyane mbeksa, pranyata Madu lan Retna duwe hobi jemparingan kanggo olah raga. Madu lan Retna akeh srawunge, kenalane kaya ta dhalang Bayu, wartawan Panji sarta dhosen Arum. Dheweke kenal nalika latihan gladhen jemparingan. Wis ambal-ambalan Retna lan Madu didhawuhi mbeksa Srikandhi Mustakaweni ing perusahaa utawa istansi. Ing sawijine wektu, Retna lan Madu gawe klip video ana gisiking samodra Parangtritis. Aneh, bocah loro rumangsa dikancani mbeksa karo wong wadon ayu sing ngaku jeneng Ratu Retna Suwida. Malah bocah loro diwenehi sumping suwida. Percaya ora percaya, kuwi nyata.
Unduh untuk perangkat lain:
Jadilah yang pertama memberikan ulasan!
Bukunya bagus banget!
Lorem ipsum dolor, sit amet consectetur adipisicing elit. Aliquam nulla iusto repellat qui, soluta laborum deserunt quis veritatis reprehenderit sint assumenda natus officiis! Nesciunt nisi eius rem dolor placeat consectetur.
Isinya daging semua cuy! Recomended.