Sesepuh kerawitan mau asmane Pak Bagyo. Ing sawijining wektu, Pak Bagyo mau lagi nggarap sawahe merga uripe pancen ya tetanen. Nalika dheweke macul, weruh watu gedhe njenggeleg neng tengah sawah mau njur mikir. Wusana Pak Bagyo njur maculi sakubenging watu kuwi supaya gampang didhongkel. Bareng wis rinasa gampang hanjur diogek-ogek dhewe. Ning gandheng saking gedhene watu, sidane ya ora bisa. Wusanane banjur njaluk tulung wong papat ndongkel watu kuwi, ning ya ora kuwat. Bengine Pak Bagyo ngimpi kaya ditemoni wong tuwa sing nyandhang menganggone cara kejawen jangkep. "Wah kowe kuwi ngganggu papan dolanane bocah-bocah, sing saiki njur dha rewel. Hara nek saiki njur dha nempuhke eyang ngene iki piye?" kandhane wong mau. Pak Bagyo takon, "Panjenengan punika sinten lan dalemipun pundi?"
Unduh untuk perangkat lain:
Jadilah yang pertama memberikan ulasan!
Bukunya bagus banget!
Lorem ipsum dolor, sit amet consectetur adipisicing elit. Aliquam nulla iusto repellat qui, soluta laborum deserunt quis veritatis reprehenderit sint assumenda natus officiis! Nesciunt nisi eius rem dolor placeat consectetur.
Isinya daging semua cuy! Recomended.